Senin, 04 Oktober 2010

"K A N G E N"

BitPwo, IV IV X : ix.xxv
(...................... be one)

>>geguritan<<

Jenggirat nalika aku krungu sliramu lagi nandhang reribet ing sak jroning bale wisma
Rasa neluh lan ngungun terus-terusan
anggodha angen-angenku
Ing batinku : "kaya ngapa nelangsane sliramu Dhiajeng".
Ndahneo kuciwane atimu.

Wektu wis sak untara lumaku, nanging aku ora nate ketemu sliramu.
Dhiajeng sing tak tresnani
Ora krasa wus telung windu naliko aku mratelakake rasa tresnaku marang sliramu
Nanging apa sing dak tampa
Nalika semono sliramu ora nampa rasa tresnaku
Telung windu dak simpen rasa tresnaku
marang sliramu

Dhiajeng sing tansah tak tresnani
Angin apa, ngimpi apa
kang bisa nemokne aku lan sliramu
Aku ora lali, aku ora pangling kabeh solah bawamu
Suaramu, esemmu, guyumu kabeh isih kaya wingi uni
Aku kangen Dhiajeng, aku kangen sliramu

Kepingin...bisa mlaku-mlaku, geguyonan, crita bareng sliramu
Dhiajeng, aku kangen sliramu
Dhiajeng, mugo-mugo Gusti marengake panjangkaku lan panjangkamu
Dhiajeng, aku kangen..

Tidak ada komentar :

Posting Komentar

Ismail Wiroprojo