Kamis, 23 Juni 2011

Kabeh Wus Cetha

Sak temene aku isih lan tetep tresno,
Nanging kepriye maneh
Kahanan awakku yo gur koyo mangkene
Urip tanpo opo-opo, tanpo bondho tanpo donya
Pancen bener kandhamu ,
yen to sliramu ISIN lan WIRANG
Urip bebarengan karo aku
Mergo kahananku sing gur koyo mangkene
Ora opo-opo aku mbok dakwo tumindak sing nalisir soko angger-anggering bebrayan
Lan wus makaping-kaping sliramu dakwo, 
sliramu mitnah marang aku tumindak sing koyo mangkono 
Senajan aku ora tumindak koyo sing mbok kandhakke
Dak kiro kabeh wus cetho lan gamblang,
Kanthi pangucapmu sing kepungkur
Sliramu kondho yen sliramu ISIN lan WIRANG duwe sisihan aku
Sak iki Kabeh wus cetho lan gamblang
Dhiajeng...
Aku Pamit soko bebrayan iki
Nanging sepisan maneh "aku isih lan tetep tresno" marang sliramu


Dak kiro kabeh wus cetho lan gamblang
Yen sliramu wus ngemohi marang aku
Kariyo slamet Dhiajeng
Mugo-mugo seneng lan tentrem uripmu ing tembe mburi


Matur nuwun
(23 Juni 2011, tabuh 03.17)

Tidak ada komentar :

Posting Komentar

Ismail Wiroprojo